Opini

Babad Nusantara Anies Baswedan

Oleh: Dr. Purwadi, M.Hum

(Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara – LOKANTARA Jl. Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta, hp. 087864404347)

I. Dhandhanggula Anies Baswedan.

Babad Nusantara kang winarni
asmane Anies Rasyid Baswedan
mumpuni kasarjanane
wusnya dhapuk Gubernur
Ibukota Jakarta yekti
mrih bisa kaleksanan
pemimpin satuhu
sinengkuyung pra kawula
tuwa mudha gedhe cilik kakung putri
tunggal cipta lan karsa.

Adhedhasar pengalaman nguni
sajroning nglampahi pendidikan
dadya labuh labet gedhe
sigra bangsane maju
cerdas bagas prigel mandiri
ing bumi nusantara
arum lan misuwur
suwene mimpin Jakarta
welas asih santun grapyak mitayani
mrantasi pedamelan.

Ngasta Gubernur Jakarta iki
nggayuh pangarsa ing ibukota
kathah godha rencanane
kadya ibaratipun
lelayaran ing jalanidhi
ombak alun lan topan
dados palangipun
nanging sing tekun katekan
linambaran tawakal marang Gusti
gegebengan agama

Mandhegani wilayah DKI
kedah emut kalawan prasetya
kang kababar nalikane
bawa rasa rerembug
jroning ambabar visi misi
anggegagas nusa bangsa
sejatine luhur
krana kabeh sineksenan
sagungipun titah bumi pertiwi
kang wus paring amanat

 

Masyarakat nyengkuyung Mas Anies
Jalma utama kang kuncara
langkung eca nggalih entheng
amargi sababipun
sanak kadang lan mitra sami
kapilut lan gagasan
kang estu mituhu
dhateng darmaning satria
ingkang wajib ngreksa jejeging negari
rahayuning bawana

Sagung dulur paring donga ugi.
jagat memuji Allah Ta’ala
siang dalu enjang sore
dika mugi pikantuk
rahmat hidayah lan taufiq
dunya akherat
ing salaminipun
saking kawula piyambak
anyengkuyung kagem Panjenengan sami
Gubernur ing Jakarta.

II. Pocung Anies Baswedan.

Pocung matur dhumateng priyantun luhur
Mas Anies cinitra
Nyambut gawe sarwa becik
Jroning mandhegani tlatah Jakarta.

Ngudi ngelmu tumraping trah rembesing madu
Turuning kusuma
Tedhaking andana warih
Gancar lancar Anies mranata Jakarta

Mrih lestantun sampun ngantos enggal gumun
Wayahe pilkada
Kadi jamane saiki
Kutha punjering negari

Mula patut Mas Anies tansah gumregut
Bareng narapraja
Kanthi setya teguh ati
Kasembadan mranata kutha Jakarta.

III. Kinanthi Anies Baswedan.

Mawa pepuji rahayu
Anies Baswedan nyawiji
Kang wus nyata manahira
Nalika srawung puniki
Tansah setya cipta karsa
Mrih widadaning jagat

Karana Allah puniku
Njagi ati niyat suci
Datan kaelu pacoban
Ibarating wong njemparing
Lumuh ulap lawan langkap
Dadi gubernur patitis

IV. Pangkur Anies Baswedan.

Pangkur mung urun wicara
Katur dhumateng Pak Gubernur Anies
Mila keh paring rahayu
Mung marga suka lila
Pengin urun barang budi adi luhung
Pemimpin unggul Jakarta
Loberana pangaksami

Kalamun cahya sumilak
Pinuju wulan purnama kasidi
Angkasa awarna biru
Sumilir kang maruta
Lunging gadhung tumelung edhum ngrembuyung
Tata tentrem lan raharja
Ing Jakarta bareng mukti

V. Sinom Anies Baswedan.

Midering rat njala widya
Mawas dhiri jati dhiri
Benggala mulat sarira
Lampah sarira satunggil
Lan sari rasa tunggil
Cahya sumurat sumurup
Tulus Pak Anies Baswedan
Mangasah mingising budi
Memasuh memalaning bawana raya

Lamun wus dadya pangarsa
Mandhegani kutha nagri
Pindha nasak wana wasa
Tumurun ing jurang terbis
Ngubengi jalanidhi
Sumengka angganing gunung
Sadaya warga Jakarta
Datan noleh sangga runggi
Samudaya lumaksita tyas raharja

Sanggya warga ing Jakarta
Atur puji sri hastuti
Manggiha mulya widada
Ngesthi pemimpin sejati
Siap mucuki baris
Jejer panata panuntun
Minangka pengabdian
Ngudi panguripan becik
Suka sukur mulyaning wong sanegara

VI. Gambuh Anies Baswedan.

Pangarsa luhur jujur
Masyarakat dadi maju makmur
Rakyat sehat waras wiris wareg wasis
Sandhang pangan papan cukup
Nusantara kang kesohor.

Pemimpin bagus alus
Sopan santun nyambut gawe tekun
Solah bawa pinter cerdas rikat trampil
Anies Baswedan satuhu
Tindak tanduk andhap asor.

(MM-01)

  Banner Iklan Rafting Jarrak Travel

Related Articles

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Check Also
Close
Back to top button